KARYA ILMIAH
GAMELAN JAWA
Ditunjukake Dateng Ibu Chriesna Yuli Anggawati
Kangge Njangkepi Tugas Saking Guru Bahasa Jawa
Penyusun
1.) Dinda
Ermaya Kusnada 2.) Endang Larasati
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN TATA BUSANA
JURUSAN PENDIDIKAN BUSANA BUTIK
SMK NEGERI 2 PONOROGO
Jl. Laks. Yos Sudarso No. 21A, Telp. (0352) 481922, Fax. (0352)488271,
Ponorogo Kode Pos 63416
e-Mail: smkn2po@yahoo.com
i
KATA PENGANTAR
Khanti ngucap rasa syukur ing
ngarsaning gusti Allah SWT, penyusun saged ngrampungake tugas punika, kanthi
mboten halangan satunggalipun.
Matur
suwun sanget dhumateng Bapak/ Ibu pembimbing ingkang sampun mbimbing penyusun damel kliping
punika.
Kliping punika kangge njangkepi tugas Bahasa jawa wonteng ing SMK NEGERI
2 PONOROGO. Mugi kliping punika wonten paeahipun dhumateng kita sedaya.
Kliping
punika taksih kirang sampurna amargi wedal engkang kasesa kaliyan kirang
pangertosipun penyusun. Pramila penyusun nyuwun ngapunten lan nampi kritik lan
saran saking pemaos, wasono matur suwun.
PONOROGO ,
25 MEI 2015
PENYUSUN
DINDA ERMAYA KUSNADA ENDANG LARASATI
ii
DAFTAR ISI
Halaman
HALAMAN
JUDUL................................................................................i
KATA
PENGANTAR............................................................................ii
DAFTAR
ISI..........................................................................................iii
BAB I
PENAHULUAN..........................................................................1
A. Latar
Belakang.....................................................................................1
B.
Tujuan...................................................................................................1
C.
Manfaat.................................................................................................1
BAB II
KAJIAN TEORI........................................................................2
A. Pangerten Gamelan
Jawa.....................................................................2
B. Laras ing Gamelan
Jawa......................................................................2
BAB III
METODE PENELITIAN.......................................................3
A. Piranti Gamelan
Jawa..........................................................................3
§ Gongan
§ Balungan
§ Panerusan
§ Kendhang
iii
BAB IV HASIL
PENELITIAN & PEMBAHASAN............................6
A. Aturan Gamelan
Jawa..........................................................................6
BAB V
PENUTUP..................................................................................7
A. Kesimpulan..........................................................................................7
B. Kritik lan
Saran....................................................................................7
DAFTAR
PUSTAKA.............................................................................8
iv
BAB I
PENDAHULUAN
A. Latar Belakang
Ingkang
melatar belakangi penyusunan makalah bahasa jawa ingkang judulipun “ Gamelan Jawa “ inggih punika kangge njangkepi tugas
saking guru bahasa jawa inggih punika padamelan makalah bahasa jawa
B. Tujuan
Tujuan padaleman makalah punika inggih punika :
· Njangkepi
tugas saking guru bahasa jawa
· Kangge
latihan ndamel makalah bahasa jawa
· Kangge
nambah wawasan kita khususipun tentang
“ Gamelan Jawa “
C. Manfaat
· Kangge
nambah wawasan kita sedaya
· Kangge
latihan ndamel makalah
1
BAB II
KAJIAN TEORI
A.
Pangerten Gamelan Jawa
Gamelan
jawa iku salah jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga
Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan jawa iku beda karo musik
gamelan saka daerah liya.
Musik
gamelan jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut lan luwih alon.
Beda karo
musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet, uga gamelan Sundha sing rasa
musike nglaras banget lan didhominasi swara suling.
B. Laras ing
Gamelan Jawa
Gamelan jawa iku nduwe gatra-gatra
pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku laras slendro lan laras pelog.
Laras slendro nduweni urutan gatra-gatra 1 2 3
5 6 ( ji ro lu ma nem ).
Ing Jawa,
ana telung pathet. Pathet iku kapareng dadi pathet nem, pathet lima, lan pathet
barang.
2
BAB III
METODE PENELITIAN
A. Piranti
Gamelan Jawa
Piranti
gamelan jawa bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan, balungan,
panerusan, lan kendhang.
Sing kalebu Gongan yaiku ggong, kempyang,
kethuk, kempul, lan kenong.
Balungan iku
rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis musik gamelan iku inti melodine
ana ing rangkaian swara balungan iki.
Sing kalebu
balungan yaiku saron panerus, saron barung, demung, lan slenthem.
Saron Demung
utawa Asring kasebut demung iku salah sawijining piranti gamelan jawa sing
ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Iki jinis
saron paling gedhe ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron
barung tembe demung.
3
Ana 2 jinis
saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung.
2 jinis
piranti panerus iki nduwe laras beda-beda.
Wilah saron
demung iku paling gedhe ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm.
Saron demung
nduwe swara paleng rendah ing kelompok saron. Panerusan yaiku bonang, gender,
gambang, siter, lan rebab. Bonang barung yaiku salah sawijine bageyan perangkat
gamelan jawa kang nduweni bentuk pencu banjur diarani bentuk pencon. Laras
slendro wilahe ana 12 cacahe, banjur kang laras pelog wilahe ana 14 cacahe.
Bonang
barung manggone ing rancakan saka kayu kang bentuke kaya amben.
Pencon kuwi mau ditata ing rancakan
ditumpangake ing tali kang diarani pluntur.
Bonang
barung ditabuh nganggo kayu kang cacahe 2, kayu kuwi mau sing bageyan nduwur
diblebet nganggo kain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akeh pola
tabuhane.
Yaiku pola
tabuhan gembyang, mipil, imbal, sekaran, klenangan, lan liya-liyane.
Bonang
barung kuwi gunane kanggo mbukani gendhing. Sakliyane kuwi, bonang barung uga
bisa kanggo nuntun alur gendhing.
4
Khusus ing
pola mipil, bonang barung kuwi bisa kanggo nuntun instrumen liyane.
Bonang
barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo bonang penerus gawe
pola lagu lan ing aksen-aksen penting bonang gawe sekaran kang biasane ana ing
akhir kalimat lagu.
Yen kendhang
iku salah sijining piranti gamelan jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara
tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tubuh.
Ing musik modern, piranti iku digolongake
piranti perkusi. Kendhang diselehake ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude
memper huruf Y.
Kendhang ing
musik gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahake musik.
Kendhang
nduweni jinis lan ukuran kang werna-werna.
Ukurane
kendhang antarane 20 cm nganti 45 cm.
Kendhang
bentuke kaya drum lan dimainake kanthi cara ditabuh. Masing-masing 4 kelompok
iku nduweni fungsi dewe-dewe kang nggawe swara sing harmonis.
5
BAB IV
HASIL PENELITIAN & PEMBAHASAN
A. Aturan
gamelan jawa
Gamelan jawa
nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane katata saka pirang- pirang rambahan
lan pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan sampak utawa
cepet-rendhete laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan melodine
wis diatur ing bageyan-bageyan sing saben-saben ketata 4 gatra.
Pandangan urip jawa kang digambarake sajrone
musik gamelan yaiku karelarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan
sajrone omongan lan tumindak saengga mujudake toleransi ing sasama.
Wujud nyata
ing musik gamelan jawa yaiku tarikan
tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong, srin, kendhang lan
gambang lan swara gong kanggo nurup irama.
Gamelan jawa
biasane dinggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tari.
Saliyane
musik, gamelan jawa uga ana swara sindhen kang nembangake lancaran, landrang,
lan gendhing-gending jawa
6
BAB V
PENUTUP
A.
Kesimpulan
Kesimpulanipun
inggih punika “ Gamelan Jawa “ menika
kasenian asli saking tlatah jawa, kita dados tiang enom kedah saged nglestarekake budaya jawa ingkang kaancem musik lan teknologi- teknologi jaman
sakniki.
B. Kritik
lan Saran
Penyusunan
makalah punika radi susah soale kedah ngagem bahasa jawa, nanging kita malah
saged latihan bahasa jawa ingkang jaman sakniki sampun tersisihkan.
7
DAFTAR PUSTAKA
Firmanshah, Agil. 2009. Gamelan Jawa.
Yogyakarta : Balai Pustaka
Sudaryanto.
Ed. 1991. Kamus Indonesia Jawa. Yogyakarta : Duta Wacana Press
Tidak ada komentar:
Posting Komentar