NALIKO KARYO TRESNA
Ing salah sawijining dina,
udakara jam 2 nan, Manto, Karyo jagongan ana ing ngisor wit jambu. Kabeh uwis
podho urip mapan nanging sederhana. Kadang-kadang pada ngumpul, lan jagongan.
Karyo lagi bali saka Medan, Dheweke kerja ana Medan.
Karyo : ''Eh..... sapa kui, ayu-ayu dodol jamu?'' (nunjuk)
Manto : ''Endi endi...?''
Karyo : ''Halah.... sing mlaku nggendong bakulane kae hlo!''
manto : ''Oalah.... Siem to!''
Karyo : ''O....jenenge Siem. Ayune rek...''
Manto : ''Whe...... hladala, sajake.....Nyet kae is kondhang ing kene.'' 'Wani
nyedaki piye?''
Karyo : ''Oh.... turah kendhel thok nho. Wani piro???''
manto : ''Hla pirooo???''
Siem mlaku
lewat ing sak ngarepe tongkrongane bocah-bocah lan nawakake jamune.
Siem : ''Jamunipun mas, komplit hlooo.''
Karyo : ''Mriki-mriki mbak, jare jamune komplit. Ana jamu tresno ora
mbak?''
Manto : ''Anane jamu tolak cinta ya Yem ya, Karyo kekana kuwi Yem!''
''Sajake Wis klepek-klepek iki.''
Siem : ''Ealaaaah mas, mundhut jamu mboten. Malah guyu wae.''
Karyo : ''Tak boronge to, anggere gelem dadi anu-ku ya?''
Siem : ''Anu punapa mas??''
Manto : ''Karyo ki horor...''
Siem : ''Napa maneh iku mas??? Panganganan udu???''
Karyo : ''Lentho mbak.''
Siem : ''Kok kula nembe mireng nggih??''
manto : ''Wis-wis malah bahas Lentho.''
Karyo : ''Maksudku dadi bojoku Yem.''
Siem : ''Oraiso........ora sudi''
Karyo : ''Ya iso, anggere kowe gelem.''
Siem : (karo mesem) ''emoh, nek tuku ya tuku. Nek ora ya karepmu.(Karo
mlaku)''
Karyo : ''nangdi Yem? ''
Siem lungo
lan neruskake dodolan jamu. lan bocah-bocah lanjutne jagongane.
Karyo : ''Piye cah, masak Siem lagi ngono nesu?''
Manto : ''Nganggo akal Yo!''
Karyo : ''Yoyoyo, ja nyeluk KARYO nek ora iso ngentukne Siem!''
manto : ''hoalah Yo Yo, , ,gayamu.''
Karyo : ''Weh,,, Simbokku jenengne aku KARYO TEKO KUSUMO DARMONING KASIYO
PANGALILO.''
Manto : ''Wo ya bener. Jenengmu wae kasiyo, mulane mau kesiyo-siyo karo
Siem. hahahaha''
Karyo : ''Ya aja ngono cah, ngene-ngene sukses lho!''
manto : ''Sukses apane to Yo?''
Karyo : ''Yo delok`en!! Entenono''
Banjur kui
Karyo nembang.
Karyo : "Cah ayu entenono tekaku!"
Manto : ''We...e...e nembang apa donga iki?''
Karyo : ''Genah-genah ndonga
nhoo..''
Manto : ''Takira...''
karyo : ''Bocah ki pye ta? Suara kaya Anang Hermansyah barang og, bangga
o cah duwe kanca kaya aku.''
Manto : ''Jare
sapa? Jaremu dewe? Mesakne... Lagune
Didi Kempot tok nyanyekne dadi ngepot-ngepot. hahahaha''
Karyo : ''Hus... kowe kuwi cah, pokoke pye carane Siem kudu dadi duwekku.
Aku tresno tenan karo Siem.''
Manto : ''Ndadak
nganggo curhat barang to Yo?'' ''Wis sore, ayo bali, aku arep angon bebek
sik.''
Karyo : ''Aku jaluk endoge 1 yo To, dak dadare.''
manto : ''Njaluk??? Tuku nhoo''
karyo : ''Sakkarepku to.'' ''Oiya,
Kanca cedhake Siem ki sapa?''
Manto : ''SITI....''
Karyo : ''Sik omahe cedhak kali kae?''
Manto : ''Hla ngendi neh, arep ngapa ta?''
Karyo : ''Biasa.... golek-golek''
manto : ''Ooo.., wes ayo mulih .''
Karyo : ''ywes Ayoo''
podho bali
menyang omahe dhewe-dhewe. Esuke Siti ditekani Siem.
Siem : ''Siiiiitttiiiiiiiii?? (Dodoki lawang)''
Siti : ''Nun, weh Siem? Ngopo Yem? Lungguh-lunghuh! (Nunjuk
Kursi)''
Siem : ''Heem maturnuwun. Sit,
ngerti rak?''
Siti : ''apa?''
Siem : ''Masak rangerti?''
Siti : ''Ora, hla duryng mbok kandhani.''
Siem : ''Oiya. (nyeblek bathuke dhewe) tak kandani nagnu.''
Siti : ''Iya tak rungokne.''
Siem : ''Aku
gewingi ki digojeki cah lanang-lanang, gek ana wong 1 anyaran aku ra kenal
wonge, tapi anu.''(mesam-mesem isin)
Siti : ''Anu pye ta Yem?''
Siem : ''Halah, masak ra mudeng? pokoke anu.''
Siti : ''Mbok sik jelas ta Yem, aku radong.''
Siem : ''halAh Siti ki...''
HPne Siem
muni.(tulit-tulit tulit-tulit)
Siem : ''Haloo,, wonten napa mbok?
enggih-enggih
Mbok, niki wonten nggene Siti Mbok.
nggih,
Walaikumsalam''
Siem : ''tak bali sik ya Sit.Kon ngirim nang sawah. dadada
SITIII.''(tangane dada)
Siti : ''Nggih Mbaaak''
Durung
ranmpung crita, Siem Banjur bali. ing tengah dalan Siem ketemu karo Karyo
Karyo : ''Sieem''.(mesam-mesem)
Siem : ''Dalem masss.''
Karyo : ''Saka ngendi Dhek Siem?'' (guyu)
Siem : ''Saking gene Siti mas. Mangga''(mlaku nglewati Karyo)
Karyo : ''Yaya Yem, Ngati-ati'' (Karyo ngulati Siem karo ngomongan dhewe.)
Karyo :''Haduuh
caah, wis nek tresna ki ya jan tenan. Ngapa-ngapa anane gur kae thok, ning
kayane Siem raseneng aku yaa?? menyang
omahe Siti ah.''
Karyo
mlaku menyang omahe Siti.
Karyo : ''Kula nuwun?''(dodoki kaca cendela)
Siti : ''mangga?? Sinten Nggih??''
Karyo : ''Karyo Sit, Masak lali?''
Siti : ''O mas Karyo? wonten napa nggih mas?''
Karyo : ''Hehehe, dolan Sit, Suwe ra ketemu karo takok-takok Siem ki
pye.''
Siti : ''Oalah...Wah ....jare Siem anu ki mas. Nanging mau aku
durung dikandani''
Karyo : ''Masak wis anu, hancur hatikuu. O yawis Sit, aku balik sik.''
Siti : ''Mboten ngunjuk rumiyen??''
Karyo : ''Wis Sit, maturnuwun''
Karyo
belok menyang omahe Manto.
Manto : ''Weh,,,, Karyo, Kok loyo to ?''
Karyo : '' Siem wis seneng karo wong liya ki Man? Aku kepiya iki.''
Manto : ''Yowis Yo Lalikno wae!!! Wong wadon akeh Hlo,,''
Karyo : ''Oraiso Man, Aku pokoke kudu karo Siem. Tresna buanget aku.''
Manto : ''Hla pye coba?''
Karyo : ''Oiya, jare gone dhewe ana pindahan dukun Man. Nyobo ayo''
Manto : ''Heh, sembrono. Doso bro''
Karyo : ''Hla pye maneh to bro....CINTA DITOLAK DUKUN BERTIKDAK og.''(ngeyel)
Manto : ''Kowe kuwi dikandani dosa ya dosa, ngeyel malahan.''
Karyo : ''Halah wis rapopo, gur Siem thok pokoke.''
Manto : ''Penting aku wis ngandani hlo.''
Karyo : ''Nyantai wae.....'' yowis
Man, aku mulih dhisik.''
Manto : ''mulih apa menyang dukun?''
Karyo : ''Hehehe, embuh iki mengko.''
Ana ing
tengah dalan karyo mikir arep bali apa menyang dukun.
Karyo : ''Iki bali apa menyang gone dukun ya????''
Banjur
Karyo takon wong liyo panggonane mbah dukun. Kas wis ngerti, dheweke menyang
ommahe dukun mau. Ora mikir dowo, pokoke sik dipingini Siem
Karyo : ''Assalamu`alaikum mbah......''(ndodoki lawang)
Dukun : ''Lungguh (lungguh ana ngisor). Ana apa lee??''
Karyo : ( Lungguh neng ngarepe mbah dukun), ''ngeten mbah,''
Dukun : ''Mesti arep nyatet uwong, iya ta?''
Karyo : ''jane nggih mboten mbah. kok panjenengan ngertos?''
Dukun : ''Sapa siiik? KI JARWO......Lha sapa bocahe le?''
Karyo : ''niku mbah.'' (ndingkluk)
Dukun : ''Sapa le, wis rasah isin karo aku.''
Karyo : ''Siem mbah, ''
Dukun : ''Enek photone ora
le?''
Karyo : ''Photone sinten mbah?''
Dukun : ''Ealah....bocan edan''
Karyo : ''Weh, simbah pancen hebat tenan, kok ngertos nek kula lunga ing
MEDAN mbah?''
Dukun : ''heee????''
Karyo : ''Lha pripun mbah?''
Dukun : ''Lha kowe ki kepiye to Le? Ya photone Bocah mau.''
Karyo : ''O...nggih-nggih mbah.''
Dukun : ''Hla endi Le??''
Karyo : ''Mboten gadhah ki mbah''
Dukun : ''Wehla... pye to kowe kuwi le??''
Karyo : ''Halah mbah ribetmen arep nyantet uwong. Nggih pun, mengke
rumiyin mbah.''
Cepet-cepet
Karyo metu saka panggonan prakteke mbah dukun, Karyo ora mudeng nek kuwi gur
dukun-dukunan. Karyo menyang omahe Siti.
Karyo : ''Kulanuwun...Siti...''
Siti : ''Nggih, enten napa mas?''
Karyo : ''Iki penting Sit, Kowe dhuwe potone Siem to? Aku jaluk, Cepet
Sit! Penting bangeT iki.''
Ora mikir
akeh, Siti banjur ngekekne potone Siem Nyane Karyo. Karyo banjur menyang omahe
Mbah Dukun. tekan omahe Mbah Dukun.
Karyo : ''Kulanuwun Mbah?''
Dukun : ''Cepet timen le? Pinter kowe.''
Karyo : ''Penting Siem mbah!''
Dukun : ''ya endi, gawa rene potone!''
Ki Jarwo
banjur ndokokne potone ana meja lan nyiapne gelas kang wis dike`i mantra. Gelas
kang isine wedhang putih dinggo kemu mbah Dukun banjur disemprotne nyang raine
Karyo.
Karyo : ''Weh, malah nyemprot aku ta mbah??''
Dukun : ''Is ta,
menengo sik le! Wis sesuk nek ketemu Siem, kowe ngomongo nek kowe tresna banget
karo de`e. Siem lak ya seneng karo kowe le. DiJAMIN!!!''
Karyo : ''Maturnuwun mbah''(nyalami)
Dukun : ''Eh le le,,,,sek enek sing ganjek ki le??''
Karyo : ''punapa mbah?''
Dukun : Amplope le..?''
Karyo : ''Oalah Mbah ngomong kat mau! Niki''(ngelungne amplop).
Dukun : ''Piye to le leee.''
Karyo
bali. Dino jumat sore, Karyo nyegat Siem pas dodol jamu.
Karyo : ''Yem, mreneo...!''
Siem : ''Jamu mas?''
Karyo : ''Wis reneo sik, lungguh kene!''
Siem : ''Wonten napa ta mas?''
Karyo : ''Aku arep omong Yem. .. Aku tresna karo kowe.''
Siem : opo mas????? Koe tresno karo aku (kaget campur bingung)
Karyo : ''Ho`o Yem. Banget malah.''
Siem : ''Janipun enggih mas. i lop u too! ''(karo isin-isinan)
Karyo : ''Tenane Yem?'' ( Seneng)
Siem : ''inggih mas.''
Karyo : ''Tenaaaan?''
Sien : ''Tenan mas''
Karyo : ''Ra ngapusi?''
Siem : ''Mboten''
Karyo : ''Yes, akhire koe dhuwekku''
Karyo : ''Yem?''
Siem : ''Dalem mas,''
Karyo : ''Kowe kaya geni, aku lilin Yem,''
Siem : ''Kok saget?''
Karyo : ''karena
kau telah melelehkan hatiku''
Siem : ''Ah mas Karyo kiii''
Pas lagi
gojekan ing ngisor wit trembesi, ana rame-rame. Yaiku warga do nggebuki Ki
Jarwo mergo dhewee dukun palsu.
Karyo : ''Weh Yem, aku nyantet kowe nang dukun kui ki?''(bingung)
Siem : ''Weh? Aku mbok santet mas?'' (kaget)
Karyo : ''Ho`o ki, nanging kok kowe ya seneng aku?''
Siem : ''Halah
mas, kula tresna kalih panjenengan kat njenengan gojeki aku karo kancane mas
karyo.''
Karyo : ''Tenane Yem???''
Siem : ''Tenan yaaa''
Karyo : ''Wah, ngertio aku ora nang dukun-dukunan Yem.''
Karyo+Siem
banjur nikah neng KUA lan duwe anak 3